Rini Puspo : KADHOKU
kanggo Bp. Suparto Brata
Ing tanggap warsa ka-78, tgl 27 Pebruari 2010
Amung tembung kang dadi pisungsung
dudu kembang mawar abang
awit kembang mawar abang
duweke kanoman kang lagi kasmaran
amung tembung kang dadi pisungsung
dakulungake saka kadohan
ing pangajap bisaa dadi sesulih
sakalir rasa kang tumpuk undhung
najan amung tembung kang dakduweni
nanging iku prentule ati
mula tampanana kanthi legawa
sapa ngerti bisa ndhudhah nostalgia mangsa kawuri
nalika urip kasangsaya
nalika adus kringet mbela negara
kang dakelingi tembungmu:
mendhak mendhukule kahanan
iku pasrening panguripan
ngelak lan luwe
iku winih kang sinebar
bakal thukul, ngrembuyung, ngembang,
banjur awoh dadi woh kabagyan lan kawicaksanan
matur nuwun, bapa
wis kok parengake nyinaoni ilmu
kang ora kamot ing kamus lan ensiklopedi
lan saiki
amung tembung kang dadi pisungsung
dudu kembang mawar abang
awit kembang mawar abang
duweke kanoman kang lagi kasmaran.
Salatiga, Pebruari 2010.
Dikutip dari:
Majalah Panjebar Semangat No.12
20 Maret 2010 halaman Taman Geguritan.
teng teng teng
boten ngertos..boten ngertos…
punten….