KATRESNAN KANG ANGKER
Urip mawa katresnan iku angker, gawat, ngemu dosa, ora praktis, ngruntuhake bebrayan donya. Dhek biyen kene iki wong murka, marga urip nandhang katresnan. Saiki sakathahe katresnan marang wong liya-liya diilangi kabeh wae. Katresnan kita iki, anaku mung kowe, anamu mung aku.
Dheweke tresna marang kowe, tresna kang paling suci, tresnane seniman. Dheweke wani kurban apa wae kanggo mbelani kowe, kanggo kasenenganmu. Delengen tangane kang abang gluprut getih iku. Iku uga bukti katresnane. Tampanana. Yen ora, kowe deksiya, kowe nyiksa dheweke.
Kasugihan iku apa kanggo wong urip? Kasugihan iku mung bandha lair. Bandha batin kang marakake urip iki krasa seger, nuwuhake semangat, iku katresnan, tresna asmara. Tanpa kuwi urip iki dudu apa-apa, urip iki muspra!
Aku kudu nampani paukuman. Aku pasrah, mlebu bui salawase daklakoni. Nanging aku rumangsa menang bisa mungkasi reregeding donya lan katresnanku keetampan. Aku menang!
Buku karangane Pèni iki bisa dipundhut liwat:
Ibu Guru Rini, HP +628157704313